Pages

Selasa, 08 November 2011

Geguritan

Tak Enteni

Meh telung warsa iki
Aku ngenteni tekane sliramu
Nalika semana…..
Sliramu rak wis janji
Bakal marani aku
Bakal nemoni aku
Bakal aweh pepadhang
Pepenget lan piweling
Atiku kang garing

                   Sajakke kepengin
                   Diguyur dening toya bening
                   Kang bisa dadi pepadhang
                   Gantining netra
                   Supaya bisa weruh dalan
                   Dalan kang brigal-brigul
                   Kebak kriki
                   Kebak gragal
                   Kaya kali asat

Nanging, tekan saprene
Sliramu ora katon
Sliramu ora bali
Sliramu nyidrani janji
Apa wis lali
Apa sliramu nglali
Embuh…..
Embuh ra ruh

Anggitan : Ami Agustin, S.Pd

Tidak ada komentar:

Posting Komentar